Industri Shuttlecock

Bisnis turun tumurun ingkang dipunrembakakaken dening masarakat Tegal menika sampun saged nembus pasar manca. Industri rumahan menika sakmenika sampun ngantos 210 unit usaha kecil dan menengah, sarta 10 unit sanesipun ingkang sampun ageng utawi sampun awujud pabrik.. perusahaan shuttlecock ingkang sampun misuwur inggih menika antawisipun PT. Gajahmada, PT. Sinar Mutiara, PT. Mido, PT. Tora Sakti Indotama, sarta PT. Garuda Budiono Putra.

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas

Sumber

Industri Tekstil

Awit puluhan taun kepungkur, Kabupaten Tegal sampun dipunkenal minangka salah sawijining sentra pangasil kerajinan tenun ingkang kuwalitasipun nembus pasar ekspor. Kerajinan tenun ikat ATBM ingkang dipunproduksi ing Kabupaten Tegal inggih menika sarung byur ingkang dipunrembakakaken dening masarakat Kelurahan Kraton, Mintaragen, Pekauman, sarta Clan Kejambon, ingkang mroduksi kirang langkung 20.000 kodi kain tenun sataun.

Tegal ugi anggadhahi potensi kerajinan bordir ingkang wonten ing Kelurahan Randugunting kaliyan Desa Debong Tengah. Wonten kirang langkung 13 industri rumah tangga ingkang mroduksi kudung bordir 1.500 kodi kaliyan busana muslim ngantos 50.000 stel saben taunipun.

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas

Sumber

Industri Logam

Tegal anggadhahi industri pangecoran kaliyan logam ingkang kabangun ing taun 1940, saengga Tegal nate dipunsebat “Jepangipun Indonesia”. Industri-industri menika sajatosipun dipunbangun kangge nyukupi kabutuhan alat-alat perang kangge tentara Jepang. Saking mriku masarakat Tegal wiwit nguwasani katrampilan ndamel werna-werna alat saking logam. Industri logam menika sakmenika dipunbagi dados tigang golongan. Angka setunggal inggih menika industri pengerjaan logam, industri pengecoran logam, sarta galangan kapal kaliyan dok. Industri menika sakmenika sampun kasebar ing papan-papan ing saubenging Kabupaten Tegal, antawisipun Desa Tembok Luwung, Lemah Dhuwur, Talang, Kajen, Kebasen, sarta Kecamatan Adiwerna. Ing antawisipun taun 1982, Desa Talang kaliyan Cempaka ugi sampun dipuntetepaken minangka lingkungan industri kecil menengah perlogaman Takaru (Talang Cempaka Baru).

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas

Sumber

Potensi Industri Kabupaten Tegal

Kota Tegal mapan ing jalur utama pantura. Kabupaten Tegal menika jembaripun 901,52 km minangka salah sawijining papan kang padet ing Provinsi Jawa Tengah. Wates Lor inggih menika Laut Jawa, wates kidul inggih menika Bumi Ayu kaliyan Banyumas, wates kulon inggih menika Brebes, wates wetan inggih menika Pemalang. Kabupaten Tegal kabagi dados 18 kecamatan, 281 desa, kaliyan 6 kelurahan.

Katingal saking posisi geografisipun, Tegal kabagi dados papan ingkang awujud pegunungan kaliyan salangkungipun inggih menika pantai, saengga Tegal anggadhahi potensi bisnis ingkang wiwit dipunrembakakaken dening industri rumah tangga, antawisipun Industri Logam, Industri Tekstil, kaliyan Industri Shuttlecock.

 

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas

Sumber

Tahu Aci

tahu aciTahu Aci inggih menika gorengan khas Kota Tegal ingkang trep sanget dipundadosaken oleh-oleh khas Tegal. Bahan-bahan ndamel tahu aci menika tahu murni banjaran kaliyan aci. Tahu acai dipundamel kanthi cara nyigar tahu ingkang abentuk segi 4 dados kalih saengga abentuk segi 3, lajeng dipuntempelaken racikan aci ingkang sampun dipunbumbuni ing sanginggilipun, lajemg dipungoreng. tahu aci menika sanget nikmat menawi dhaharipun kaliyan cengis (cabe rawit).

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas

Sumber

Sate Batibul-Balibul

sate

Sate ingkang misuwur ing Kota Tegal inggih menika sate wedhus. Wedhus ingkang dipundamel sate menika antawisipun umuripun ing sangandhapipun gangsal wulan. Saengga dipunsebat “Sate Batibul (bawah tiga bulan)” kaliyan “Sate Balibul (bawah lima bulan)”. Sate menika sanget cocok menawi dipunnedha sesarengan kaliyan Teh Poci.

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas.

Sumber

Teh Poci

poci

Teh poci inggih menika omben khas kota Tegal. Teh poci menika sanget dipunremeni dening masarakat Kota Tegal amarga caranipun ndamel unik, inggih menika kanthi cara mlebetaken godhong teh dateng poci, saengga teh menika dipunsebat “Teh Poci”. Kangge sedaya kemawon ingkang remen ngeteh, dereng jangkep menawi dereng nate ngombe teh poci khas Tegal.

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas.

Sumber

Sega Ponggol Setan

ponggol

Dhedhaharan menika dhedhaharan ingkang wonten ing sadinten-dinten ing Tegal. Andamel sega ponggol setan menika gampil sanget. Bahan-bahanipun namung tahu, tempe, iwak asin, kaliyan oreg. Ingkang ndamel nikmat inggih menika bumbu ingkang kathah kaliyan khas. Ingkang paling wigati uga inggih menika sambelipun ingkang pedes sanget. Saengga dipunsebat “Sega Ponggol Setan”.

Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas.

Sumber

Terusan cerkak kanthi judhul “Ketinggalan Omong”

Ora krasa Rasti wis rampung anggone sekolah. Dheweke banjur olih pegaweyan ing Jakarta dadi operator produksi ing salah sawijining PT. Gajine sawulan wis nganti rong juta punjul. Saben wulane dheweke bisa ngirim marang wong tuwane 750ewu. Saluwihe nganggo bea urip ing Jakarta lan disimpen sethithik.

Pagaweyane Rasti apik tur bocahe ayu, dadine akeh sing nyenengi. Kanca-kancane lanang ing PT padha nyedhaki Rasti. Nanging Rasti isih kabotan tresna marang Rudi. Ing ati dheweke yakin menawa Mas Rudine bakal blaka ngomong tresna marang dheweke ora suwe maneh. Awit, saiki dheweke wis rampung sekolahe, artine wis wayahe kandha babagan omah-omah.

Wis meh setaun Rasti ora mulih marang omahe ing Desa Kalibakung. Wayah iku wayah pasa arep badha telung dina maneh. Rasti olih libur ing PT nganti rong minggu suwene. Ing batin wis ngawang-awang apa bae kang arep dilakoni yen wis tekan ing omah. Arep marang pasar mblanjakake jajan lan kaperluan badha, tuku klambi badha ing toko, lan dolan karo kanca-kancane. Pikirane Rasti iku banjur gawe dheweke kelingan marang sisihane, Mas Rudine. Kepiye kabare, kaya apa saiki, apa wis duwe sisihan? Iku kabeh pitakonane Rasti ing ati. Pitakonan kang bakal kejawab sabalike Rasti ing Desa Kalibakung.

Esuk iku karo nyangking tas loro, Rasti dodog-dodog omahe. Saka njero ibune njawabi, gumun kok esuk-esuk ana wong kang merdhayoh.

“ Iya iya, sapa ya?” Lakune rada cupet merga gugup.

“Kula Mbok, kula Rasti.” Rasti njawabi kanti sumringah. Ora let suwe lawang kabukak, banjur padha tetangisan Mbok lan anake. Cekake salawase Rasti mulih sakulawarga seneng kabeh.

Dina iki dina badha. Sakwise nyekar ing kuburan, Rasti sakaluwarga banjur salam-salaman karo tangga teparo sing cedhak utawa adoh. Jam sewelas awan, Rasti sakaluwarga wis rampung muteri desa kanggo salam-salaman. Tembe wae teka ing omah, Rudi mara karo nggawa gula teh.

“Kulanuwun….” Rudi nothok lawang.

“E e e, mangga ta mangga Thole Rudi.” Mbokne Rasti ngacarani.

“Inggih Bu, matur nuwun.” Rudi njagong ing jagongan paling kulon.

Ora let suwe Rasti metu saka kamar karo nggawa wedhang teh anget kanggo Rudi. Sumringahe Rasti ora bubar-bubar weruh Rudi merdhayoh marang omahe. Ing batine, iki mesthi wis wayahe Mas Rudine iku bakal nglamar dheweke. Aduuuuh seneng temen atine Rasti kala iku.

“Mangkene Dhik Rasti. Aku iki mrene ana sing arep dakkandhakake. Perkara kang wigati, Dhik.” Rasti wiwit tegang raine, siyap-siyap krungu kabar kang nyenengake atine.

“Inggih Mas, mangga ta, dipunaturaken kemawon.” Rasti wiwit deg-degan.

“Iki lho Dhik, takaturi undangan kanggo kowe. Aku bakal omah-omah karo Dhik Latifah. Bocah iku omahe ing kulon omahe Pak Lurah kae lho. Aku dijodhokake dening Simbokku. Wiwitane aku nulak Dhik, amergane aku tresna marang kowe. Namung jare Mbokku, aku iku ora pantes karo kowe merga kowe iku bocah sekolahan, lan aku ora. Dak pikir-pikir Simbok ana benere uga, Dhik. Ya semene wae Dhik, aku mung perlu ngomongake iku kabeh. Ya wis ya, aku bali saiki. Salam kanggo sakaluwargamu, lan sing akeh ya Dhik pangapuramu marang aku.” Rudi nyalami Rasti sing ndhingkluk.

Raine Rasti mangar-mangar. Rasane kaya kesamber bledheg. Salungane Rudi, Rasti banjur langsung mlebu ing kamare, nangis ngguguk-ngguguk. Dhuh, kaya mangkono temen katresnan kang dilakoni Rasti. Wis setya nunggoni, malah kedhisikan kenya liya.