Menika jaduwal UAS kagem mahasiswa Unnes semester 3 jurusan Basa lan Sastra Jawi. Sumangga :)
JADWAL UAS SEMESTER GANJIL 2014/2015
Senin, 5 Januari 2015 Selasa, 6 Januari 2015
08.00-09.30 12.00-13.30
Sastra Bandingan Berbicara Lanjut
10.00-11.30 14.00-15.30
BK Menulis Kreatif
Rabu, 7 Januari 2015 Kamis, 8 Januari 2015
10.00-11.30 12.00-13.30
Pend. Lingkungan Hidup Sastra Lisan
08.00-09.30 14.00-15.30
Pend. Kewarganegaraan Budaya Jawa
Jumat, 9 Januari 2015 Senin, 12 Januari 2015
10.00-11.30 08.00-09.30
Morfologi Lanjut TIK
12.00-13.30
Puisi Jawa Tradisional
Selasa, 13 Januari 2015
12.00-13.30
Telaah Pranata Masyarakat Jawa
Cerkak kula ingkang dereng anggadhahi judhul :D
Embun tumetes ing siti kang wangi dening melati. Sikil-sikil grudugan ing sapinggire kembang melati mau. Sikil-sikil wong tani kang arep padha maculi sawahe lurahe. Manganggone klambi kang wis ilang werna asline marga kakehan kena lemah telese sawah. Pacul kasunggi, arit kacangkolake ing sabuk seanane. Karo rengeng-rengeng nggunem seanane.
“Sing bersih anggonmu nyapu latar, Ras. Mengko bojomu baguse kaya iki lho, si Bardi. Hahaha….” Rasti namung pesam-pesem digasaki kaya mangkono dening bujang-bujang kang arep nyambut gawe ing sawah iku. Pasuryane semu abang marga isin. Dheweke namung ndhingkluk karo nerusake nyapune.
Rasti, prawan ing Desa Kalibakung kang misuwur ayune. Umure wis 17 taun, klas telu SMA. Ora namung ayu, Rasti uga pinter. Dheweke iku siji-sijine prawan ing Desa Kalibakung kang sekolah ing sekolah negri ing kutha. Dheweke bisa mlebu SMA negri iku amarga olih Beasiswa Keluarga Miskin (BKM) saka sekolahane. Senajan namung bocah saka kulawarga cilik, pamikire Rasti ora kalah karo anake wong-wong sugih ing kutha. Pamikire maju tur kritis. Kang paling penting yaiku dheweke ora males, sinaune sregep, saengga bisa ana ing urutan lima ing klase.
***
Kaya adat saben yen dina minggu, pagaweyan kang ana ing omah Rasti kabeh sing ngemek. Wiwit saka umbah-umbah, nyapu-nyapu, nganti ngadusi lan ndulangi adhine. Dheweke anak pembarep, adhine mung siji lanang, klas siji SD. Senajan jarake adoh karo adhine, nanging Rasti ora aleman, amarga awit cilik Rasti dibiyasakake mandhiri dening wong tuwane. Apa maneh Rasti iku saka kaluwarga cilik kang kudu priyatin ngadhepi urip.
Minggu iki Rasti gugup-gugupan anggone nyambut gawe. Dheweke arep marang Pasar Pagi ing kutha. Dudu arep tuku blanjan, mung arep tuku dawet kasenengane Rudi. Pancen Rasti lan Rudi wis suwe padha tresna-tinresnan. Mung bae Rudi durung wani blaka marang Rasti, amarga dheweke isin, dheweke dudu bocah sekolahan, mung bocah tani wae. senajan kaya mangkono, Rasti uga nimbangi katresnane Rudi. Dheweke mesthi nyiyapake apa-apa, kaya ta gawe utawa tuku jajan kasenengane Rudi.
Jam loro awan Rudi mara marang omahe Rasti. Dheweke nggawa gedhang ambon sak rip lan rempeyek gaweyane embokne. Rudi iku kancane Rasti nalika SD. Omahe ora patiya adoh karo omahe Rasti, namung seje RW wae. Ndhek biyen bocah loro iku asring dolan bareng, saengga wong tuwane Rudi wis paham karo Rasti, wong tuwane Rasti uga. Tresna tinresnan antarane bocah loro mau ora dimangerteni dening wong tuwane Rasti uga Rudi. Apa maneh Rudi iya pancen durung waleh marang Rasti yen dheweke tresna karo Rasti, senajan Rasti iya pancen nimbangi tresnane Rudi.
Let ora suwe Rasti metu nggawa dawet lan gorengan bongkrek anget karo lombok. Bocah loro mau kandha-kandha babagan sekolahe Rasti lan pagaweyane Rudi.
“Kowe jan-jane nymabut gawe ana ngendi ta mas?” Kemletus suwarane lombok dicigit Rasti.
“Kowe ki mbok aja karo ngomong nek lagi mangan. Apa maneh mangane mangan cengis. Pedes ta? Haha….” Rudi ngguyuni Rasti sing lagi megap-megap marga kepedesen.
“Ah kowe kok ngono ta mas? Wagu. Wong aku takon kok ora mbok jawabi malah ngguyuni.” Rasti menjep.
“Haha… iya-iya… wis ta, aja nesu ngono. Aku iki saiki nyambut gawe ana bengkel kana kae, pinggir Puskesmas desa Yomani. Apa kowe ora tau weruh aku nek kowe mangkat sekolah?”
“Ora mas, aku ora pernah meruhi sampeyan ana kana kok, amarga aku iya ora paham papan sing lagi kokkandhakake. Hehe….” Rasti nyengir.
Kandhane Rasti lan Rudi saya suwe saya anget. Akeh geguyon sing metu, ngramekake dina minggu sing semu grimis lan mendhung ing ngarepan. Senajan katon seneng, ing ati Rasti ngenteni Mas Rudine ngomong blaka bab tresnane iku. Nanging nganti Rudi bali marang omahe, ora ana kandhan sing nyenggol marang perkara tresna-tinresnan kaya sing dibathin Rasti.
***
(bersambung…)
Luwih lan Kurange Novel Katresnan karangane Soeratman Sastradihardja (:
- Identitas Novel
Judhul Novel : Katresnan
Panulis : Soeratman Sastradihardja
Panerbit : Kiblat
Taun Terbit : 2013
Papan Terbit : Jl. Gumuruh No. 38, Bandung 40275, Telp./Faks +62227330595
Kandel Buku : 92 kaca
ISBN : 978-979-8002-58-8
Dimensi : 14,5 cm x 21 cm
Jinis Kertas : HVS
- Kaluwihane Novel Katresnan karangane Soeratman Sastradihardja
- Tema ing novel iki yaiku nyengkuyung modhernisasi kang lagi diusung-usung dening pamarentah ing jaman samana, saengga novel iki melu nyebarake misi pamarentah yaiku nggegulang politik etis.
- Isine ngajari kepriye kudu nduweni pamikir kang maju.
Kutipan: (Kaca 15)
“Inggih awit menawi gadhah kesagedan, pados padamelan alus gampil, kados ta nyambut damel ing kantor lan sanes-sanesipun.”
- Ngajari kepriye kudu kuwat lan sareh ngadhepi coba kanggo perkara kang dadi kekarepane.
Kutipan: (Kaca 81)
“…. Ora liwat pamujiku marang Gusti Allah, muga bisa tutug ing kaonderan kene bengi iki uga.”
- Basane enteng, ora dhuwur, saengga gampang dimangerteni dening wong akeh.
Kutipan: (Kaca 17)
Sawuse sarapan banjur njupuk buku-buku kang bakal kanggo sarta wis dipilih lan ditata bengine sabubare sinau.
- Kathithik saka pamacane, novel Katresnan karangane Soeratman Sastradihardja iki isi lan basane trep, pas kanggo pamaca kang ditujokake dening novel iki.
- Kakurangane Novel Katresnan karangane Soeratman Sastradihardja
- Istilah basa Walanda kang ana ing novel iki kudune ana terjemahane, saengga pamaca bisa mangerteni lan uga bisa nambah pangertene pamaca.
Kutipan: (Kaca 30)
Dhek biyen nalika ngareoake metu saka HIS ngleboni tulatingsexamen Middelbare Technische School, sarta uga klebu ana ing MTS patang taun tamat, lan banjur ditetepake dadi onderopzichter, blanja sapisan f 125,-.
- Carita ing novel iki cekak banget utawa kurang detail ing saben-saben kedadean kang ana ing carita iki, saengga kedadean siji karo kedadean sateruse kaetung cepet banget.
- Saran kanggo Buku
- Supaya ing novel iki ana tambahan catetan kaya kutipan kanggo basa Walandi kang ora dimangerteni. Awit kang maca novel iki ora mung wong kang urip ing jaman Walandi wae, nanging wong-wong saiki uga padha maca. Amarga tambahan catetan iku bisa nambah pangerten kanggo wong Indonesia saiki kang wis ora mangerteni basa Walanda.
- Bisaa njembarake carita saengga ora ana kesan kebetulan/kebeneran/kapinujon.
- Manfaat Buku
Novel Katresnan karangane Soeratman Sastradihardja iki salah sawijining novel jaman Walandi kang bisa ngowahake pamikire wong Indonesia kang kurang maju. Pamikir kang monoton kaya ta ing bab jejodhohan kudu karo wong sing prenahe sanak, lan mesthi kudu nurut diodhohake dening wong tuwane. Apa maneh ing novel iki Mursiati bocah wadon sing karep sekola nganti dhuwur terus ngikhtiyari kekarepane iku, saengga bisa kasembadan. Bab ikhtiyar mau uga ana ing carita tresna tinresnane Mursiati karo Sutrisna kang pungkasane uga kasembadan.
Sinopsis Novel Katresnan karya Soeratman Sastradihardja
Sedhela maneh Mursiati bakal lulus anggone sekolah ing HIS. Sawise lulus, dheweke kepengin nerusake sekolah ing MULO, ananging bapakne ora sarujuk awit bocah wadon iku ora usah sekolah dhuwur-dhuwur, apa maneh umure wis pantes kanggo omah-omah. Mursiati yen wis duwe kekarepan pancene kudu keturutan, apa maneh kepenginan kang becik. Bapakne nuli mrayogakake Mursiati nerusake sekolah ing MULO sawise Mursiati nerangake apa ta gunane sekolah dhuwur.
Ora krasa Mursiati wis sekolah ing MULO tingkat telu. Dheweke mondhok ing sawijining omahe priyayi. Sawijining dina Mursiati disurati dening mitra lawase sing wis ora ketemu rong taun lawase. Jenenge Sutrisna. Cekake, bocah lanang wadon loro mau bali bareng marang Panaraga, ketemu ing setasiyun Madiun. Bocah loro mau banget senenge anggone ketemu, awit bocah loro mau pancen tresna tinresnan.
Wengi iku, ibune Sutrisna nakokake apa Sutrisna wis karep mbojo. Mergane ibune wis duwe dhek-dhekan, yaiku isih sedulur karo Sutrisna. Sutrisna ora gelem yen dijodhokake, awit dheweke ya wis duwe dhek-dhekan, yaiku Mursiati, mitrane iku. Esuke, Mursiati dolan ing omahe Sutrisna. Ibune Sutrisna wis mbadhek, yen Mursiati iku bocah wadon sing didhek-dheki dening putrane. Ibune Sutrisna sawise ngerti kaya mangkono banjur nyarujuki nglamar Mursiati.
Ora krasa Mursiati wis lulus saka sekolah MULO, terus nyambut gawe ing Kantor Pos ing Madiun. Sadawane nyambut gawe iku, bapakne ngarepake Mursiati mbojo terus, ananging Mur isih ngenteni Sutrisna, senajan akeh wong lanang kang nglamar Mur. Lamarane ibune Sutrisna ditulak dening bapakne Mur merga wis nyarujuki saka Tulungagung. Mangerti kahanan kang kaya mangkono, Sutrisna lara nganti banget, saya suwe saya banget nganti mandheg saka pagaweyane. Mur sing ngerti kahanane Sutrisna uga melu lara. Ananging sawise padha-padha ngertine yen isih tresna tinresnan, banjur Sutrisna mari larane. Dheweke terus lunga marang Madiun, nanging dheweke ora njarak yen dhuwite wis digembol uwong. Ing kathonge mung ana dhuwit telu rupiyah kanggo nyepur nganti Sala.
Mudhun ing Sala Sutrisna banjur mlaku sadawane dalan supaya tekan ing Madiun. Mlakune liwat alas-alas. Anggone leren mung yen ketemu karo padusunan wae. ing sawijining dina nalika mlaku ing alas, Sutrisna ditututi dening begal cacahe ana telu. Bejane, Sutrisna namung dijaluk gegawane wae, ora nganti dipateni. Nanging awake ya tetep padha tatu lan kesele ora jamak. Sutrisna banjur diopeni ing dalem kaonderan, suwene nganti sepuluh dina, sawise iku nerusake mlakune pinuju Madiun, arep ketemu Mursiati.
Cekake carita, Mursiati wegah mbojo karo wong Tulungagung banjur lamarane dicopot. Mur banjur kelakon dadi bojone Sutrisna, mitrane kang paling ditresnani.
Pemkab Tegal Gelar Sedekah Bumi Waduk Cacaban
TEGAL, suaramerdeka.com – Ki Enthus Susmono, Bupati Tegal, Rebo (10/12) ambuka tradhisi Sedekah Bumi Waduk Cacaban. Adicara taunan kiye dianakna minangka rasa sukur masarakat Dukuh Sirampog Desa Karanganyar awit berkah rejeki saking Gusti Ingkang Maha Tunggal. Sedekah Bumi kiye nganggoni endhas kebo lan sajen kayata ayam panggang jawa sarta werna-werni sajen liyane.
Ing adicara kuwe teka uga Forkopimda Kabupaten Tegal, Dadim 0712/Tegal Letkol Inf Jefson Marisano S,Sip sarta Kapolres Tegal AKBP Tomy Wibisono, SIK, SKPD Kecamatan Kedungbanteng, pamuka agama, lan masarakat Desa Karanganyar.
Nalika atur pambagya harja, Bupati Tegal ngaturake matur nuwun marang Dandim 0712/Tegal sing wis mbiyantu pamarentah Kabupaten Tegal kanthi Tentara Manunggal Membangun Desa (TMMD) sing wis gawe bea kanggo mbeneri dalan luwih hemat.
“Proyek pembuatan jalan kalau dikerjakan oleh kontraktor biayanya nyampe Rp 400 juta, tapi kalau lewat TMMD yang dikerjakan oleh para TNI hanya menghabis biaya sebesar Rp 325 juta, itu artinya Pemda bisa irit Rp 75 juta kalau dikerjakan oleh TNI,” ngendhikane Bupati.
Dipunalihbasa dening Siska Aditya Ningtyas
METIKAN
Tembung Metikan asale saka tembung “petik”. Metikan yaiku pasugatan utawa pesta rakyat kang kagelar ing saben taun sedurunge PG Pangka nggiling tebu, ngasilake gula. Metikan wis ana awit jaman Belanda. Saben arep musim giling tebu, dianakake slametan giling kang diiringi dening pasugatan utawa psta rakyat kanggo pegawe lan masarakat sekitar pabrik gula.
Pasugatan sing ana ing metikan iku antarane pasar malem kang ngadoli kebutuhan sandang, pangan, lan papan kanggo masarakat. Uga bisa didadekake bisnis kanggo para pengusaha lan pedagang kanggo ngadoli barang dagangane. Wiwit saka obral klambi, jajanan khas kayata martabak manis lan martabak telur akeh kang adolan ing sedawane dalan pinuju areal metikan. Pedagang perabotan, dolanane bocah, komedi puter, biang lala, tong setan, karoke, omah setan, lan liya-liyane.
Ing taun 90-an, ana uga layar tancep, yaiku minangka pasugatan kang paling dienteni ing acara metikan iki. Nanging saiki pasugatan kanggo penutupan diganti dadi wayang kulit, wayang golek, band performance, utawane organ tunggal.
Metikan padatane dianakake kurang luwih 15 dina sekitar wulan April nganti Mei saben taune. Metikan kaya-kaya magnet kang bisa narik pengunjung saka desa seje, kabupaten seje, malah ana sing saka kota seje. Antusiasme iki nggawe panitia metikan aweh papan arupa kapling-kapling kang disewakake minangka stand pasar malem ing sekitaran PG Pangka. Ora ketinggalan ana uga aparat keamanan gabungan saka Aparat Pamarentah utawa karang taruna kayata Polsek Pangkah, Koramil, Pamong Praja Kecamatan nganti Hansip, supaya acara metikane lancar lan slamet.
Metikan iki ora mung ana ing Pangkah, nanging uga ana ing Jatibarang, Kabupaten Brebes kanthi waktu nganakakene urut-urutan, ing PG Jatibarang kang isih raket ubungane karo PG Pangka.
Batik Tegalan
SM Maskumambang, Laras Pelog, Pathet Nem
5 6 1 1 1 1 1 1 2 3 121 65
Eling eling do la nan bi yen sa I ki
1 23 3 3 2 12
Biyen se der ha na
6 5 5 5 6 1 653 21
Loh sa I ki serba listrik
1 2 3 1 2 3 32 35
Jaman tulung ba le ka na